Selasa, 13 Desember 2011

ni crita temen gwe,, scooteris dari nganjuk jawa timur.. monggo


ni crita temen gwe,, scooteris dari nganjuk jawa timur.. monggo

aku rung tau crito nang kene yoooo ....

mbiyen pas ijih nang ndeso .. ijeh SMA numpak vespane bapakku .. pas belok nang prapatan ngoper gigine ra pas ... dadine koyo mbleyer .. ndilalah soko arah kiwo ono polisi bar mokmen koyone .... lha aku wes menggok soko prapatan kui kok di oyak .... karepe mlayu .. ben gek ndang tekan omah .... lha kurang 3 omah kok wes ketangkep sik 

di jalukin SIM .. ra due ..
di takoni STNK .. ta jawab .. digowo bapak ..
trs ditakoni .. njaluk tilang opo njaluk pie.. tak jawab manut wes pak ... trs polisi sijine .. nyaut .. vespane gowo ae ... vespa ae kok di tilang .. ngreget2i buku tilang   

banjur vespaku di gowo ro polisine .. padahal aku yo nganggo Helm standart .. soale waktu iku .. polsek nggonku bang*at bangett .. [polisi polsek cluthak banget]-tapi saiki wes ora... lewat ngarep polsek ra helman + telon yo ra di tangkep] ..
kembali ke ceritanya ..
akhirnya aku mlaku tekan omah 
tonggoku sing reti aku kecekel .. mung takon " lha kok kecekel kih ngopo lee .. ??? " .. asshhh mbuh mbah .. ra dong aku .. 
tekan omah bapakku lagi sare ... tak gugah to .. laporan nak vespanya kecekel polisi polres klaten .... aku mung ditakoni jenenge polisine sopo .. tak jawab .. mbuh pak ra gagas jenenge sopo .. pokoke wong lemu koyo gajah .. goncengan nganggo king ... bapakku trus tangi jengirat .. marani om ku sing tentara kodim .... trs mangkat nang polres ..... jebule .. sing nyekel kui kok koncone bapakku .. polisine mbiyen nang polsek nggonku ... nak ra due duit pengen udut pow pengan mangan njaluk bapakku 
akhire di balikne vespane .... ro bapakku polisine di kei duit 10rb .. ro ngomong" nyohh nggo tuku udut ... anakku mbok cekel kih .. matamu nang ndi .. kwe wes lali pow cen niat golek duit  " mung di jawab "sorry pak .. aku rodo lali ro anake sampeyan .. jebule kok wes gede sakmono yo saiki " ... " yo gedelah wong bendino dikei mangan"

om ku sing tentara mung ngakak thok pas reti sing nyekel .. si mblembong ...

--the end-

0 komentar:

Posting Komentar

THE REAL ONLINE RADIO FROM INDONESIA

=>MARSYA SHAKILAH<=

 
Powered by Blogger